Jiwa adi luhur wedar
JIWA Sukma Jiwa kuwi Sukma, ingkang me - neb marang telenging Ati. Sukma bisa kabagi papat cacah ipun : - Sukma Luhur. - Sukma Waseso. - Sukma Lumboroh. - Sukma Langgeng. ** * SUKMA LUHUR. Wujudipun Tirta Kawah, ingkang ilang tanpo kiles. Dadi nipun AKAL. Akal dudu Utek, panggonanipun dudu ing sirah. Ora ono ujudipun, nanging bisa ngerasa tur rumangsa. "Banyu Ketuban" pangandhika nipun, kuwi manjing lan jumen neng marang Budi Pakarti. Pancadriya puniko ingkang mus ti ngakoni bener. Amargi ngerasa dadi : ' Dulur Tuwo ' Sukma Luhur kuwi njagi raga. Ingkang pinayungan Gusti. Ingkang maringi pituduh lan we jangan. * * * SUKMA WASESO. Kawujudipun Ari ari kang paring Panguripan marang jabang bayi rikolo ing guo Garbaning Biyung Ingkang nampi pangandhika. Ingkang ngayomi samubarang tumindak. Ingkang dipun kuasaning Gusti. 'Adhi Ari Ari' meniko ingkang nampi Dawuhipun Gusti. Nanging kadangkolo mboten dipun midangetake. Ari Ari bisa kasebut sedulur Nom. Ari ari kang...